Jumat, 18 Desember 2009

Basa Jawa

ATUR PAMBUKA

Sampun ngantos gumun menawi para siswa dipunajak sinau sinambi dolanan menapa dolanan sinambi sinau. Sedaya kala wau nggadhahi pangangkah supados pasinaon para siswa saged kalampahan kanthi ngremaenaken.
Buku Remen Basa Jawa dipunrakit kanthi adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa tahun 2004. Wonten ing salebatipun buku menika kathah kabeber carios, dongeng, gambar, tuntunan dolanan, sekar utawi tembang lan taksih kathah malih sanesipun. Sedaya kala wau dipunajab saged kangge nggladhi para siswa ing babagan kaprigelan basa inggih menika nyemak, micara, maca, lan nulis.
Para siswa temtu ugi sami remen cariyos, dongeng, tuwin cariyos wayang. Menapa para siswa sami kepengin mangertosi isinipun maneka cariyos kala wau/ sumangga para siswa sami maos piyambak buku Remen Basa Jawa menika. Dhumateng para siswa ingkang remen geguritan saha macapat ugi saged nyinau babagan sastra kala wau.
Ing pungkasaning atur, sumangga sesarengan sami sregep nyinau basa Jawi supados basa ingkang adiluhung menika saged lestantun tuwin ngrembaka.
Sampun ngantos kesupen menawi wonten panyaruwe babagan isi buku menika, sumangga dipun kintunaken dhumateng Tim Karya Guru. Kawula saged mundi panyaruwe saking sinten kemawon, amrih sampurnanipun buku menika.
Semanten rumiyin, nuwun.


Semarang, Desember 2009


Penulis




DAFTAR ISI

Atur Pambuka ........................................................................................................ 2
Daftar Isi .................................................................................................................. 3
Wulangan 1 Lingkungan ........................................................................................... 4
Wulangan 2 Olahraga ............................................................................................... 5
Wulangan 3 Tetanen ................................................................................................ 6
Wulangan 4 Pendhidhikan ....................................................................................... 8
Wulangan 5 Komunikasi ......................................................................................... 9
Wulangan 6 Budi Pekerti ......................................................................................... 10
Wulangan 7 Kasenengan .......................................................................................... 11
Wulangan 8 Pahlawan .............................................................................................. 12
Wulangan 9 Pariwisata ............................................................................................. 13
Daftar Pustaka ........................................................................................................ 14











PEMBAHASAN

Buku ingkang kapethik saking Erlangga kang irah-irahipun Remen Basa Jawa kanggo SD Kelas 4 gadhah 9 wulangan, inggih menika :
1. Lingkungan
2. Olahraga
3. Tetanen
4. Pendhidhikan
5. Komunikasi
6. Budi Pekerti
7. Kasenengan
8. Pahlawan
9. Pariwisata




A. WULANGAN 1
LINGKUNGAN

1. Ngandharaken isi pacelathon wonten basa kramalan,lan basa ngoko.
Wonten buku menika dipun jlentrehaken :
a. Pacelathon

Kerja Bakti
Ibu : “Lih, Galih!”
Galih : ”Dalem Bu.”
Ibu : “Mrenea, tulungana Ibu ngangkat meja iki.”
Galih : “Nggih Bu.”
Ibu : “Lho, kok nggawa arit barang arep kanggo apa tha?”
Galih : “Menika lho Bu kangge cecawis kerja bekti benjing. Kala wau dipun dhawuhi Pak Guru mbekta arit.”
Ibu : “Apa kabeh ya nggawa arit?”
Galih : “Boten, Bu. Wonten ingkang mbekta ember, lap pel, sapu sada, malah wonten ingkang mbekta pacul.”
Ibu : “Wah, yen kerep kerja bakti ngene kuwi sekolahmu katon resik tenan ya Lih.”
Galih : “Inggih Bu.”

Sesampunipun Guru maosaken pacelathon menika, murid dipun utus nyerat isinipun pacelathon menika.

b. Kawruh Basa
Murid dipun utus madosi batanganipun ingkang dipunkarepaken.
Tuladha:
Pak Surono esuk sore ana dalan. Methongkrong ana dhokare sing terus mlayu digeret jarane.
Batangane : Pak Surono kusir.

2. Micara
a. Nyariyosaken isinipun naskah.
b. Mragakaken tokoh wonten naskah drama.
3. Maca
a. Maos aksara jawi.
• Maos akasara jawa
• Negesi wacan
b. Maos akasara jawi kanthi rancak lan lafal intonasi ingkang trep.
4. Nulis
a. Nyatet pokok-pokok isinipun wacan.
• Maos kanthi titi
• Negesi tembung
• Pados isinipun wacan
5. Apresiasi sastra
a. Nembangaken tembang macapat.
b. Nyariyosaken lan nyerataken isinipun tembang macapat.


B. WULANGAN 2
OLAHRAGA
1. Nyemak
a. Mirengke pacelathon
Murid mirengaken pacelathon ingkang dipunwaosaken Guru.
b. Ajar carios
Sakbanjuripun nyariyosaken ngangge basa ngoko siswa banjur nyariosaken ngangge basa krama.
c. Mirengake cariyos
Mirengaken lan nggatosaken cariyos ingkang dipunwaos Bapak/Ibu Guru.
d. Mangsuli pitakon
2. Micara
a. Ngritik kanthi alesan
Siswa damel kritikan wonten perkawis ingkang dipunparingi Bapak/Ibu Guru.
b. Ngritik kanca
Murid ngritik anggenipun nyandang panganggo dhumateng rencang-rencangipun. Napa kemawon kekiranganipun lan kepripun becike.
3. Maca
a. Maos nyuwara.
Murid maos kanthi lafal, intonasi lan ekspresi ingkang trep.
b. Wani carios
Siswa nyariyosaken ngangge basanipun piyambak kanthi runtut.
c. Maca pawarta
Siswa madosi pawarta olahraga saking Koran banjur maosaken wonten ngajeng kelas kados pranatacara.
d. Maca aksara jawa
4. Nulis
a. Maos geguritan
Murid maosaken geguritan lan mawaspadakaken isinipun kanthi trawaca.
b. Gawe parafrase
Murid nyobi damel parafrase saking geguritan wonten inggil.
5. Apresiasi sastra
a. Cariyos rakyat
Murid maos cariyos saking daerah.
b. Mangsuli pitakon
Saking cariyos ingkang dipunwaos.

C. WULANGAN 3
TETANEN
1. Maca
a. Maca Titi
Murid maosaken wacan kanthi permati.
Tuladhanipun wacan artikel.
b. Mangsuli pitakon
Murid mangsuli pitakon-pitakon kanthi dasar wacan.
c. Gawe ringkesan
Murid damel ringkesan saking artikel kirang langkungipun 5-10 ukara.
d. Carios wonten ing ngajeng kelas
Nyariyosaken wonten ngajeng kelas isinipun wacan ngangge basa ngoko ingkang becik.
e. Maos aksara jawi
f. Nggantos aksara jawi ngangge aksara latin.
2. Nulis
a. Ndamel pidhato kanthi dhasar gambar
Murid damel pidhato kanthi dhasar gambar ingkang dipunparingi Guru.
b. Mangsuli pitakon
c. Nyusun pidhato
d. Layang ulem
Siswa damel layang ulem, inggih menika layang ingkang isinipun ngaturi rawuh.
3. Micara
a. Wawancara
Murid damel tugas wawancara saking sekolah ingkang dipunwawancarai inggih menika kadosta pegawai kantor dinas Pertanian.
b. Mangsuli pitakon
Murid mangsuli pitakon kanthi cekak aos miturut asiling wawancara.
c. Carita ing ngarep kelas
Inggih menika murid wonten ngajeng kelas nyariosaken asilipun wawancara.
4. Nyemak
a. Mirengaken dongeng
Murid mirengaken dongeng ingkang dipunwaosaken Bapak/Ibu Guru.
Tuladha dongeng kanthi irah-irahan wit kado.
b. Mangsuli pitakon
Miturut dongeng ingkang dipunwaosaken dening Guru.
c. Nulis urutaning dongeng
Murid nyerat malih urutaning dongeng ngangge basanipun piyambak kirang langkungipun 10 ukara.
d. Carita ing ngarep kelas
Nyariyosaken dongeng ngangge basanipun piyambak wonten ing ngajengipun kelas.
5. Apresiasi sastra
a. Ngringkes cerita
Madosi cariyos saking buku, majalah, utawi Koran.
b. Golek liding cerita
Saben cariyos menika lumrahipun ngemu pitutur utawa wekasan saking panganggit ingkang dipunwastani liding cariyos. kanthi maos cariyos, piyambakipun saged angsal pitutur ingkang sae ingkang kedah dipun tindakaken lan tuladha pandamel ala ingkang kedah dipun singkur.
c. Maragakake carita wayang
Murid maragakaken drama wayang wonten ngajeng kelas.




D. WULANGAN 4
PENDHIDHIKAN
1. Nyemak
a. Mirengake pawarta
Mirengaken pawarta ingkang dipunwaos guru.
b. Negesi tembung
c. Goleki isi pawarta
2. Micara
a. Nulis tanggap wacana (pidhato)
Murid nyerat teks tanggap wacana utawa pidhato
b. Tanggap wacana (pidhato)
Murid nindakaken pidhato ingkang sampun dipunserat.
c. Kawruh basa
• Tembung saroja
Tuladha : - malang megung
- Salang tunjang
- Gedhe cilik
d. Paramasastra
• Ater-ater tripurusa
Tuladha : - dibuwang asalipun saking tembung : di + buwang
- Kokjupuk asalipun saking tembung : ko + jupuk
3. Maos
a. Mirengaken pawarta
Murid maos wacan
b. Damel ringkesan
Murid ngringkes wacan ingkang sampun dipunserat.
c. Ngandharaken ringkesan
Murid maos ringkesan ingkang sampun dipundamel.
4. Nyerat
a. Nulis tanggap wacana (pidhato)
Murid damel tanggap wacana.
Congkronganipun tanggap wacana :
• Salam pambuka
• Purwaka
• Isi
• Wigati utawa kesimpulan
• Pangajeng-ajeng lan wusana
b. Maos tanggap wacana
Murid maos tanggap wacana ingkang sampun dipunserat.
5. Apresiasi sastra
Njlentrehaken pawatakipun tokoh wonten carios.
a. Maos batin
Murid maos wacan.
b. Mangsuli pitakonan



E. WULANGAN 5
KOMUNIKASI
1. Micara
a. Ngandhakake pesen
b. Golek informasi
Murid madosi informasi saking narasumber.
2. Nyemak
a. Mirengaken pacelathon
Murid mirengaken pacelathon ingkang dipunwaosaken rencange.
b. Nyariosaken pacelathon
Murid nyariosaken pacelathon ngangge basa ngoko lajeng ngangge basa karma.
c. Ningali sinetron
Murid mirengaken sinetron.
d. Mangsuli pitakon
e. Ngringkes carios
Ngringkes carios lan nggatekaken sinten kemawon ingkang dados paraga, papan panggenan, kadadean, lan purwamadya wusananing carios.
f. Maragakaken sandhiwara
Murid maragakaken sandhiwara.
3. Apresiasi sastra
a. Mirengaken pacelathon
Murid mirengaken pacelathon ingkan dipunwaosaken guru.
b. Gladhi carios
Murid nyariosaken malih carios ingkang dipunwaosaken guru ngangge basa ngoko.
c. Carios wayang purwa
Murid nggatekaken carios wayang purwa wonten ing buku paket.
d. Mangsuli pitakonan
e. Gladhen carios
Murid nyariosaken malih carios wayang purwa wau ngangge basa ngoko utawa karma.
4. Maca
a. Maos geguritan
b. Mangsuli pitakonan
c. Kendel maos geguritan
Maos geguritan sami kaliyan maos puisi. Lafal lan aksara sanesipun kedah cetha semanten ugi intoasinipun lan maos geguritan menika kedah njiwani.
d. Maos aksara jawa
5. Nulis
a. Tugas damel paraphrase
Minangka kagem gladhen murid madosi geguritan wonten ing majalah, Koran utawi buku banjur damel paraphrase awujud prosa.


F. WULANGAN 6
BUDI PEKERTI
1. Maos
a. Maos lancar
b. Mangsuli pitakonan
c. Maos geguritan
d. Ngubah geguritan
Murid ngowahi geguritan dados karangan bebas. Tegesipun ngowahi ngangge ukara ingkang gampil dipunmangertosi.
2. Nyerat
a. Damel ulem
Ulem inggih menika laying ingkang isinipun menehi kabar marang tiyang sanes menawi gadhah perlu kadosta mantenan, sunatan, lsp.
Padatan, ulem dipundamel lan dipunkirim seminggu saderengipun gadhah damel.
b. Peranganipun laying
Peranganipun laying, inggih menika :
1) Papan, panggonan, lan titi mangsa kang isinipun ngenani papan lan tanggal layang.
2) Adangiyah inggih menika ungguh-ungguhing basa ingkang kirim layang marang kanga arep dipunkirimi layang.
3) Pambuka ugi dipunarani purwaka basa. Isinipun pambuka laying kang ngabaraken puji syukur dhumateng Gusti, kadosta kabar kasarasan.
4) Isi ugi dipunarani surasa basa kang ngemot isinipun laying sejatinipun.
5) Panutup ugi dipunarani wasana basa kang mratelakaken pangarep-arep kang wonten gegayutanipun layang.
6) Peprenahan inggih menika karepipun kaserat wonten laying kadosta saking kula, putra satuhu, lsp.
7) Tandha tangan, asmanipun kang kirim lan alamatipun.
c. Ngertos peranganipun layang
d. Damel ulem
Murid dipunutus damel ulem kang isinipun ngabari rencange arep tanggap warsa utawi ulang tahun.
3. Apresiasi sastra
a. Carios wayang
b. Mangsuli pitakon
c. Gladhen carios
Murid nyariosaken malih carios ingkang wonten ing buku ngangge basanipun piyambak.
d. Madosi carios rakyat
4. Nyemak
a. Drama
b. Mangsuli pitakon
c. Gladhen carios
d. Gladhen dados pemain drama
Murid maragakaken dados paraga drama.
5. Micara
a. Nglapuraken pengamatan
Menawi dipundhawuhi guru damel lapuran kedah komplit supados boten wonten pitakonan nalika paring palapuran.
b. Damel lapuran
c. Tugas damel lapuran

G. WULANGAN 7
KASENENGAN
1. Maos
a. Maos wacan
Maos wacan wonten ing buku paket kanthi enggal sepisan kemawon.
b. Madosi intisarinipun carios
Murid madosi intisarinipun carios saben alenia.
c. Damel kesimpulan
Saking intisari menika saged dipunringkes malih dados kesimpulan wacan. Nyerat kesimpulanipun wacan menika ngangge saukara utawi kalih ukara.
2. Micara
a. Nyerat carios kanthi dhasar gambar
b. Mangsuli pitakon
c. Nyerat carios
Murid damel carios caranipun damel layangan kanthi urut wonten sajroning limang alinea wonten ing buku tulis.
d. Carios wonten ing ngajeng kelas
Murid nyariosaken wonten ing ngajeng kelas caranipun damel layangan kanthi gamblang.
3. Nyerat
a. Maos carios
b. Mangsuli pitakon
c. Damel ringkesanipun carios
4. Nyemak
a. Mirengaken geguritan
Murid mirengaken geguritan ingkang dipunwaosaken dening guru.
b. Mangsuli pitakon
5. Apresiasi sastra
a. Ngringkes carios wayang
Murid maos carios wonten ing buku paket.
b. Ganepaken carios
c. Carios wonten ngajeng kelas
d. Ngringkes carios


H. WULANGAN 8
PAHLAWAN
1. Apresiasi sastra
a. Carios rakyat
Maragakaken carios (drama).
b. Mangsuli pitakon
c. Wayang pandhawa
d. Mangsuli pitakon
2. Nyemak
a. Mirengaken geguritan
b. Gladhi carios
3. Micara
a. Ngritik kahanan
b. Ngritik rencange piyambak
4. Maos
a. Maos titi
b. Mangsuli pitakon
c. Nyerat ukara pokok
5. Nyerat
a. Ngowahi geguritan dados prosa
b. Mangsuli pitakon
c. Damel prosa sederhana


I. WULANGAN 9
PARIWISATA
1. Nyerat
a. Ngringkes wacan
b. Mangsuli pitakon
c. Gladhen ngringkes carios
Ngringkes carios tegesipun nyerat bab-bab ingkang wigati utawi baku wonten sajroning carios.
Pramila nalika ngringkes kedah mangertosi :
• Paraga kang wonten ing wacan
• Alurv carios
• Intisari carios kang dipunwaos
d. Madosi tegesing tembung
2. Apresiasi sastra
a. Sandhiwara
Murid maos drama wonten ing buku paket.
b. Ngringkes carios
c. Carios wayang
Maos carios wayang ngangge intonasi, lafal lan pangraos kang trep.
3. Nyemak
a. Damel gancaran
Mirengaken geguritan ingkang dipunwaosaken rencange.
b. Gladhen damel gancaran
4. Micara
a. Sandhiwara
Maos sandhiwara ngangge intonasi, lafal lan pangraos kang trep.
b. Mangsuli pitakon
c. Nyariosaken isinipun sarana lisan
d. Tugas mirani sinetron anak-anak
5. Maos
a. Maos seru
Maos seru inggih menika maos kanthi swanten kang cetha supados rencang-rencangipun sami mangertos punapa isinipun wacan wau.
b. Mangsuli pitakon
c. Gladhen maos swanten
Kepripun maosipun “dha” lan “da” kang trep.



DAFTAR PUSTAKA


Tim Karya Guru. 2008. Remen Basa Jawa. Jakarta: Erlangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar